Minggu, 04 Mei 2008

critoku nonton film sorot

sore wingi,250308, hapeku muni, jebul ono esemes mlebu.
pengirime kancaku dewe ngabari yen bengine ono acara nonton sorot gratis ning sosietet TBY. Filme sing disetel judule Bernafas Dalam Lumpur. Asemik, ketoke aku wes tau krungu judul felm kui.

eh jebul tenan, felm kuwi mbasan tak eling-eling, le main kiy Sussana. bintang film indonesia spesialis film dewasa karo film horor.

yogh wes. mergo penasaran, tur gratis meneh, akhire nonton wae..
critane filme ngene..



ceritane..

"Supinah (sing dimainke karo Suzanna) nglokro lan klonthang klanthung ning jakarta mergo nggoleki bojone. Ono ing salah sawijining dino, deweke ketemu karo sing jenenge Budiman (iki le main Rahmat Kartolo), wong sugih sing ngejaki Supinah ning pesto. Wong loro kuwi mau podho-podho le tresno.

Nanging, Supinah sing ning Jakarta nyambut gawe dadi wong wedok 'nakal' kuwi uga duwe germo. Nha, germone kuwi ora trimo nek si Supinah katresnan karo Budiman. Germone ora trimo mergo si Supinah kuwi cah wedok 'nakal' sing ayu, dadine deweke uga payu larang. saking ayune, Supinah arep didol ning luar negeri.

Nah, critane ningkono mubeng-mubeng ning masalah kuwi..

Nganti akhire si Supinah lara. Pas banget nek dokter sing diundang kanggo nambani supinah iku kekancan karo Budiman. Wong doktere pas ditelpon, dikabari lan dijaluki tulung nggo nambani Supinah, kiy lagi sekak karo si Budiman.

Ngerti nek si Supinah larane parah, lan saking tresnane, Budiman pengen ngejaki mbokne Supinah karo anake Supinah sing ning ndeso kanggo nileki si Supinah..Akhire si Budiman numpak mobil methuk ning ndeso. Wes dipethuk ning ndeso, terus diterke ning kutha. Nanging ndilalahe pas tekan panggonane kutho maneh, eh si Supinah malah wes mati.''


Nha koyo mengkono crito ning filme. nek kowe durung nonton, nonton wae rapopo.

film iki termasuk film sing ngangkatke Suzanna (lahire 13 Oktober 1942 ) dadi "The Queen of Indonesian Horror". Film iki yo termasuk dadi pelopor kebangkitan film nasional taun 1970an. Film iki di sutradarai lan diproduseri karo Turino Djunaidy (1928-2008)

horotonoyoh. felm sing nek dipikir2 mung ecek-ecek lan esek-esek ngono iso dadi felm sing lherr.. so, kabeh sing mbok lakoni mesti iso dadi lherr.mergo, ora kabeh wong ono gunane nggo kowe, tapi sing jelas, kowe ono gunane nggo wong liyo.tandangi wae.. mangkat!

5 komentar:

Anonim mengatakan...

lhaa, medenine ting pundi mas?

Anonim mengatakan...

ho oh yo..
banjur ne napas neng jero lumpure neng ndi???

gundhi wae mengatakan...

tiul: mboten patiyo medeni. mung iki mulaine si dadi bintang felm horor.

genta: y ora kudu harafiah ngono to ya, le ngarteke.

Anonim mengatakan...

haha...
owkey2...
mungkin artine sangking susahe le urip dadi ming koyo napas neng njero lumpur

gundhi wae mengatakan...

gent: yo ngono kuwi yo iso,, ning kok ya kepikiran judul sing koyo ngono yo Gent. jaman semono e padahal.

eh liyane yo oleh dikomen loh;)