Selasa, 06 Mei 2008

Paling Cedhak lan Paling Adoh..

Ing salah sawijining dina, tanggal papat sasi lima wayah sore-sore, aku lungguh thethek ning kebonne TBY. Lungguh bareng karo uwong-uwong, konco kancaku sing kabehe cacahe sanga. Sore-sore hawane penak kanggo gegojekan. Lan pas kuwi pancen kabeh lagi ngguyangguyu jagongan ngalor ngidul. Seka ngomongke wong wedok ayu tekan carane wong ning ndesa mboncengke anake pas numpak pit.

Hla seka omong-omongan kuwi mau, ning tengahe ono kancaku le nylekop ngenehi bedhek-bedhekan. Bedhek-bedhekane kaya ngene iki..

"...ning donya iki ono akeh agama.. hla kabeh ngomongke nek dadi sing paling apik dhewe. Salah sijine sing gawe apik orane kiy hubungane penganute karo tuhane. Kuwi nek dipikir kanthi nalar lan logis. Hla saiki pitakonane yaiku: Agama opo sing hubungan penganute karo tuhane paling cedhak lan sing paling adoh?"

*asline iki bedhek-bedhekan wis sakwetoro ono ning ndonya. Tapi mergo panggonane cedhak karo mesjit (gawe tambah dheg-dhegan dosa apa ora) lan uwong-uwonge yo lagi seneng gegojekan, bedhek-bedhekan iki dadi meriah.

Yak.. siji mbaka siji ditakoni ora ono le gelem mangsuli. Mbuh pancen rangerti wangsulane, utowo wedi, utowo asline wes ngerti nanging meneng wae ben bedhek-bedhekane dadi luwih penasaran lan meriah.

Wes, pungkasane le ngenehi bedhek-bedhekan mbukak wangsulane..
lan wangsulane kaya ngene..

?...Agama sing hubungan penganute paling cedhak karo tuhane kiy agama hindu. Kenapa? Mergane wong hindu kerep nyebut OM. Nek OM artine hubungane paling ora isih sak simbah. Sing kerep disebut contone OM SWASTIYASTU..

Lha sing rada adoh sithik kiy kristen. Mergane nek nyebut pas ndonga kae,, BAPA di sorga.
Sing jenenge uwong kuwi nyebut kabeh wong lanang le luwih tuwo mesthi bapak. Ngono alesane dadi lumayan cedhak...

Hla sing paling adoh kiy jarene islam. Kenapa? Mergane dudu masalah le nyebut jeneng piye, nanging carane ngundang. Nek wong islam le ngundang ndadak seru-seru lan banter-banter nganggo mikrofon lan toa. Nengndi-nengndi ya kaya ngono. Sedino wae nganti ping lima, seminggu ra mandheg. Kwi artine rak ora ketemu-ketemu toh? Apa ra adoh banget kwi?..."


Sakrampunge ono wangsulan bedhek-bedhekan kuwi, kabeh padha mesem lan ngguyu.
Suasanane dadi lan soyo akrabe. Soyo cedhak. Banjur ngono iseh ono jagongan-jagongan liyane sing intine mung gegojekan. Ora ono sing serius, kecuali serius le gegojekan. Nganti kurang luwihe jam setengah enem sak durunge mesjite muni, le jagongan wes bubar. Wedi nek kepanasen banjur kobong krungu mesjite muni yaknen.. :)

1 komentar:

Anonim mengatakan...

woooooooo......
dosa....