jagongan jagongan jagongan jagongan
ngalor ngalor ngalor ngalor ngalor ngalor
ngidul ngidul ngidul ngidul ngidul
jagongan ngalor ngidul nduweni karep..
guneman antaraning wong loro utawa luwih sing ora patiyo cetha karepe, utawa malah blas ora ono karep sing luwih adoh meneh ketimbang perlune le padha jagongan, nguda rasa, lan iso wae dadi ngrasani wong liya.
ngidul ngidul ngidul ngidul ngidul
ngalor ngalor ngalor ngalor ngalor
jagongan jagongan jagongan jagongan
Kamis, 15 Mei 2008
Selasa, 06 Mei 2008
Paling Cedhak lan Paling Adoh..
Ing salah sawijining dina, tanggal papat sasi lima wayah sore-sore, aku lungguh thethek ning kebonne TBY. Lungguh bareng karo uwong-uwong, konco kancaku sing kabehe cacahe sanga. Sore-sore hawane penak kanggo gegojekan. Lan pas kuwi pancen kabeh lagi ngguyangguyu jagongan ngalor ngidul. Seka ngomongke wong wedok ayu tekan carane wong ning ndesa mboncengke anake pas numpak pit.
Hla seka omong-omongan kuwi mau, ning tengahe ono kancaku le nylekop ngenehi bedhek-bedhekan. Bedhek-bedhekane kaya ngene iki..
"...ning donya iki ono akeh agama.. hla kabeh ngomongke nek dadi sing paling apik dhewe. Salah sijine sing gawe apik orane kiy hubungane penganute karo tuhane. Kuwi nek dipikir kanthi nalar lan logis. Hla saiki pitakonane yaiku: Agama opo sing hubungan penganute karo tuhane paling cedhak lan sing paling adoh?"
*asline iki bedhek-bedhekan wis sakwetoro ono ning ndonya. Tapi mergo panggonane cedhak karo mesjit (gawe tambah dheg-dhegan dosa apa ora) lan uwong-uwonge yo lagi seneng gegojekan, bedhek-bedhekan iki dadi meriah.
Yak.. siji mbaka siji ditakoni ora ono le gelem mangsuli. Mbuh pancen rangerti wangsulane, utowo wedi, utowo asline wes ngerti nanging meneng wae ben bedhek-bedhekane dadi luwih penasaran lan meriah.
Wes, pungkasane le ngenehi bedhek-bedhekan mbukak wangsulane..
lan wangsulane kaya ngene..
?...Agama sing hubungan penganute paling cedhak karo tuhane kiy agama hindu. Kenapa? Mergane wong hindu kerep nyebut OM. Nek OM artine hubungane paling ora isih sak simbah. Sing kerep disebut contone OM SWASTIYASTU..
Lha sing rada adoh sithik kiy kristen. Mergane nek nyebut pas ndonga kae,, BAPA di sorga.
Sing jenenge uwong kuwi nyebut kabeh wong lanang le luwih tuwo mesthi bapak. Ngono alesane dadi lumayan cedhak...
Hla sing paling adoh kiy jarene islam. Kenapa? Mergane dudu masalah le nyebut jeneng piye, nanging carane ngundang. Nek wong islam le ngundang ndadak seru-seru lan banter-banter nganggo mikrofon lan toa. Nengndi-nengndi ya kaya ngono. Sedino wae nganti ping lima, seminggu ra mandheg. Kwi artine rak ora ketemu-ketemu toh? Apa ra adoh banget kwi?..."
Sakrampunge ono wangsulan bedhek-bedhekan kuwi, kabeh padha mesem lan ngguyu.
Suasanane dadi lan soyo akrabe. Soyo cedhak. Banjur ngono iseh ono jagongan-jagongan liyane sing intine mung gegojekan. Ora ono sing serius, kecuali serius le gegojekan. Nganti kurang luwihe jam setengah enem sak durunge mesjite muni, le jagongan wes bubar. Wedi nek kepanasen banjur kobong krungu mesjite muni yaknen.. :)

Minggu, 04 Mei 2008
critoku nonton film sorot
sore wingi,250308, hapeku muni, jebul ono esemes mlebu.
pengirime kancaku dewe ngabari yen bengine ono acara nonton sorot gratis ning sosietet TBY. Filme sing disetel judule Bernafas Dalam Lumpur. Asemik, ketoke aku wes tau krungu judul felm kui.
eh jebul tenan, felm kuwi mbasan tak eling-eling, le main kiy Sussana. bintang film indonesia spesialis film dewasa karo film horor.
yogh wes. mergo penasaran, tur gratis meneh, akhire nonton wae..
critane filme ngene..
ceritane..
"Supinah (sing dimainke karo Suzanna) nglokro lan klonthang klanthung ning jakarta mergo nggoleki bojone. Ono ing salah sawijining dino, deweke ketemu karo sing jenenge Budiman (iki le main Rahmat Kartolo), wong sugih sing ngejaki Supinah ning pesto. Wong loro kuwi mau podho-podho le tresno.
Nanging, Supinah sing ning Jakarta nyambut gawe dadi wong wedok 'nakal' kuwi uga duwe germo. Nha, germone kuwi ora trimo nek si Supinah katresnan karo Budiman. Germone ora trimo mergo si Supinah kuwi cah wedok 'nakal' sing ayu, dadine deweke uga payu larang. saking ayune, Supinah arep didol ning luar negeri.
Nah, critane ningkono mubeng-mubeng ning masalah kuwi..
Nganti akhire si Supinah lara. Pas banget nek dokter sing diundang kanggo nambani supinah iku kekancan karo Budiman. Wong doktere pas ditelpon, dikabari lan dijaluki tulung nggo nambani Supinah, kiy lagi sekak karo si Budiman.
Ngerti nek si Supinah larane parah, lan saking tresnane, Budiman pengen ngejaki mbokne Supinah karo anake Supinah sing ning ndeso kanggo nileki si Supinah..Akhire si Budiman numpak mobil methuk ning ndeso. Wes dipethuk ning ndeso, terus diterke ning kutha. Nanging ndilalahe pas tekan panggonane kutho maneh, eh si Supinah malah wes mati.''
Nha koyo mengkono crito ning filme. nek kowe durung nonton, nonton wae rapopo.
film iki termasuk film sing ngangkatke Suzanna (lahire 13 Oktober 1942 ) dadi "The Queen of Indonesian Horror". Film iki yo termasuk dadi pelopor kebangkitan film nasional taun 1970an. Film iki di sutradarai lan diproduseri karo Turino Djunaidy (1928-2008)
horotonoyoh. felm sing nek dipikir2 mung ecek-ecek lan esek-esek ngono iso dadi felm sing lherr.. so, kabeh sing mbok lakoni mesti iso dadi lherr.mergo, ora kabeh wong ono gunane nggo kowe, tapi sing jelas, kowe ono gunane nggo wong liyo.tandangi wae.. mangkat!

dibukak dinten menika..
monggo, blog menika dipun buka kanthi waosan basmallah sesarengan..
"BISMILLAAHIRROHMAANIRROHIIM.."
maturnuwun...
"BISMILLAAHIRROHMAANIRROHIIM.."
maturnuwun...
Langgan:
Entri (Atom)